Minggu, 09 November 2008

Abraham Lincoln


Abraham Lincoln punika Présidhèn Amérika ingkang kaping16 kanthi mangsa jawatan 1861 - 1865.

Panjenenganipun dados présidhèn nalika Amérika ngadhepi perang sadulur.

Présidhèn Lincoln dipunkenal dados pancetus Proklamasi Pambebasan ingkang nelaaken bilih sedaya budak belian ing Amérika kidul utawi lér, badhé bebas wiwit 1 Januari 1863. Abraham Lincoln ugi dipunkenal kanthi sebutan Abe Lincoln lan ngginaaken asma julukan (nicknamed) Honest Abe, Rail Splitter, lan Great Emancipator.

Sadèrèngipun mangreh dados Présidhèn, piyambakipun ugi dados wakil présidhèn sepisanan saking Partai Républik.

Présidhèn Lincoln dados salah satunggiling présidhèn Amérika ingkang séda ing mangsa jawatanipun amargi dipunsédani.

Mangsa alit

Abraham Lincoln dipunwiyosaken ing satunggaling gubuk alit ing Kentucky tanggal 12 Februari 1809. Tiyang sepuhipun miskin lan mboten kagungan pendidikan. Lincoln piyambak namung ngraosaken pendidikan laminipun kinten-kinten setunggal taun, nanging ing wekdal ingkang cekak punika piyambakipun saged maos, nyerat lan ngétung. Nalika piyambakipun nuju diwasa, piyambakipun ngupados kanggé nambah pengetauanipun. Piyambakipun ngginaaken sedaya buku ingkang saged dipunwaos saksaé-saénipun, lan ing pungkasanipun panjenengané kasil dados setunggaling ahli hukum ing yuswa 28 taun.

Sadèrèngipun mangreh présidhèn

Nalika taksih anem, Abraham Lincoln nyambut damel ing manéka warna bidang. Piyambakipun naté nyambut damel dados pamilah kayu pager, dados tentara, dados kelasi ing kapal-kapal bengawan, juru serat, ngurus kedai, kepala kantor pos, lan pungkasanipun dados pengacara.

Piyambakipun sregep mbéla hak-hak para budak Afrika. Ing mangsa jawatanipun, kathah budak ing Kidul lan piyambakipun péngin para budak punika dipunbebasaken. Kathah tiyang mboten sarujuk kaliyan rencananipun, lajeng mbentuk Persatuan Kidul lan setunggaling pasukan kanggé perang nglawan pasukan Lér Lincoln ing Perang Lér-Kidul. Pasukanipun menang ing peperangan punika.

Piyambakipun sepisanan mlebet lapangan politik ing taun 1832 nalika piyambakipun yuswa 23 taun. Piyambakipun ngupaya supados kapilih dados anggota Dewan Perwakilan Rakyat Daerah nagara bagéyan Illinois, ing bagéyan kilén-tengah Amérika. Nanging piyambakpiun asor nalika pamilihan, kalih taun salajengipun piyambakipun ngupados malih lan menang. Salajengipun panjenengané kapilih malih ngantos kaping tiga kanthi urut sasampunipun.

Mangsa kaprésidhènan

Ing taun 1847, nalika piyambakipun yuswa 38 taun, panjenengané kapilih dados Dewan Perwakilan Rakyat Amérika.

Abraham Lincoln dados tiyang politik misuwur ing saindhenging nagari, amargi perdhebatanipun kaliyan setunggaling lawan Stephen A. Douglas ing kampanyé pamilihan Sénator Amérika ing taun 1858. Sanajan piyambakipun asor ing pamilihan sénator, partai Republik milih Abraham Lincoln dados calon présidhèn ing pamilihan taun 1860. Ing wekdal semanten Amérika Sarèkat sampun mèh kapecah belah amargi perkawis perbudakan.

Ing tanggal 6 November 1860, Lincoln dipunlantik dados Présidhèn Amérika Sarèkat ingkang kaping 16 lan setunggal wulan salajengipun, perang sedulur Amérika antawis nagari-nagari bagéyan Lér lan nagari-nagari bagéyan Kidul dumadi. Sanajan piyambakipun sengit kaliyan perang, Presiden Lincoln nampi namung punika setunggaling cara kanggé nylametaken persatuan nagari.

Ing tengahing perang sadulur, Présidhèn Abraham Lincoln medalaken Proklamasi Pambebasan ingkang ngéwahi kagesangan kathah tiyang ing Amérika. Proklamasi punika nelaaken bilih sedaya budak belian ing nagari-nagari bagéyan utawi daérah-daérah nagari-nagari bagéyan ingkang nglawan Amérika Sarèkat badhé bébas wiwit 1 Januari 1863. Proklamasi punika nyetusaken semangat sedaya tiyang ingkang merjuwangaken kabebasan, lan dados pendorong ke arah pambusakan perbudakan ing Amérika Sarèkat.

Présidhèn Abraham Lincoln kapilih malih ing taun 1864, ing tengah-tengah kamenangan-kamenangan militer Amérika Sarèkat ingkang nuju pungkasaning Perang Sedulur. Salebetipun nggagas perdamaian Présidhèn Abraham Lincoln kagungan sifat fleksibel lan bermurah hati. Piyambakpipun ngajak tiyang-tiyang kidul ingkang mbrontak supados nyelehaken gegaman lan wangsul ing pangkuan Amérika Sarèkat. Semangat ingkang dados pedomannipun cetha sami kaliyan semangat pidato pelantikanipun ingkang kaping kalih. Ukaranipun sapunika kaukir ing salah satunggaling tembok tugu péngetan Lincoln (Lincoln Memorial) ing Washington DC ingkang uninipun;

Abraham Lincoln
Kanthi kateguhan manah lan kaleresan ingkang selaras kaliyan titah Allah, mangga kita ngupados kanggé ngrampungaken tugas kita sapunika, inggih punika nyarasaken tatu-tatuning bangsa.
Abraham Lincoln

Présidhèn Lincoln katembak ing teater Ford, Washington, AS, tanggal 14 April 1865 lan séda tanggal 15 April 1865 énjing ing yuswa 56 taun. Ingkang nyédani Présidhèn Lincoln inggih punika John Wilkes Booth, setunggaling pemain sandiwara ingkang ngalami gangguan jiwa, ugi salah setunggaling panyengkuyung Konfederasi ingkang nentang panyerahan tentara Konfederasi menyang pamréntah sasampunipun perang sadulur rampung.

Présidhèn Lincoln dipunsarèaken ing Springfield, AS lan dipunkenang déning Amérika lan donya dados pejuwang démokrasi amargi jasa-jasanipun.

Kabèh teks kasedyakaké ing ngisoré GNU Free Documentation License.